Khutbah Jum'at 2 Bahasa : Indonesia & Jawa
Khutbah Bahasa Indonesia
Oleh : Ahmad Juprianto, M.Pd.I(Pimred Khutbah Jumat LTM PCNU Tulungagung)
الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. خَاتَمِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنِ. وَعَلَى آلِهِ الطَّيِّبِينِ. وَأَصْحَابِهِ الأَخْيَارِ أَجْمَعِينَ. وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ. فَاتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَاسْمَعُوْا وَاَطِيْعُوْا وَأَنْفِقُوْا خَيْرًا لِّأَنْفُسِكُمْ وَمَنْ يُوْقَ شُحَّ نَفْسِهِ فَأُولَبِكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ.
Hadirin Rahimakumullah
Mengawali khutbah ini, khatib mengajak kepada seluruh hadirin untuk senantiasa bertakwa kepada Allah swt dengan menjalankan apa saja yang menjadi perintahNya dan menjauhi apa saja yang dilarangNya. Semoga kelak di akhirat kita tergolong umat yang muttakin, amiin.
Muslimuunal hadiruun Rahimakumullah
Do'a bagi seorang muslim adalah dasar dalam beribadah, bahkan inti dari ibadah adalah doa, hal ini sesuai dengan sabda Nabi riwayat Ibnu Mardawih sebagaimana disebut dalam Tafsir Dur al-Manshur:
قَالَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: إِنَّ الدُّعَاءَ هُوَ الْعِبَادَةُ
Artinya: Rasulullah saw bersabda: "Sesungguhnya doa itu adalah ibadah".
Makna dari hadits ini memaklumkan bahwa ibadah dalam bentuk apapun sebenarnya adalah doa atau permohonan seorang hamba kepada Allah agar mendapatkan anugerahNya. Berdoa kepada Allah dapat dilakukan dengan berbagai cara, misalnya dengan shalat, sedekah, menengadahkan tangan dengan mengucapkan puji-pujian dan sebagainya.
Berdoa kepada Allah tentu ada adab, peraturan, dan atau tatacara yang mengikatnya, karena berdoa berarti komunikasi antara seorang hamba dengan tuannya atau makhluk dengan penciptanya. Berkaitan dengan adab berdoa ini Allah berfirman:
ادْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ
Artinya: Berdoalah kepada Tuhanmu dengan rendah hati dan suara yang lembut. Sesungguhnya Dia tidak menyukai orang-orang yang melampaui batas. (QS. Al-A'raf [7]:55).
Berdasarkan ayat ini setidaknya terdapat dua adab berdoa yaitu dengan rendah hati dan dengan suara yang lembut. Berdoa dengan rendah hati berarti berdoa dengan menampakkan sikap sebagai orang yang memiliki kebutuhan mendesak karena kesadaran bahwa dirinya adalah hamba yang benar-benar membutuhkan uluran tangan tuhannya. Maka berdoa dengan rendah hati ibaratnya seorang yang hijrah, seorang yang keluar dari rumahnya menuju Allah, ia benar-benar keluar dari rumah tanpa apa-apa karena hendak menjemput ridla Allah. Firman Allah dalam al-Qur'an, yang artinya "Siapa yang keluar dari rumahnya untuk berhijrah karena Allah dan Rasul-Nya, kemudian meninggal (sebelum sampai ke tempat tujuan), sungguh, pahalanya telah ditetapkan di sisi Allah" (QS. An-Nisa' [4]: 100). Maksudnya adalah rendah hati karena menghadapkan wajah kepada Allah tanpa membawa apapun kecuali hanya pengharapan dan ketaatan padaNya. Berikutnya berdoa dengan memperlembut suara berarti memohon kepada Allah dengan cara yang lembut bahkan seolah seperti orang yang merahasiakan sesuatu, tidak dilakukan dengan bersuara keras atau berteriak seolah berhadapan dengan orang tuli.
Hadirin yang dirahmati Allah
Ayat di atas diakhiri dengan penegasan Allah tidak menyukai orang-orang yang melampaui batas, dalam hal ini tentunya melampaui batas ketika berdoa. Pertanyaannya doa yang bagaimana yang tergolong melampaui batas?. Dalam Tafsir Dur al-Manshur dijelaskan:
إِنَّ مِنَ الدُعَاءِ اِعْتِدَاءً : يُكْرَهُ رَفْعُ الصَّوْتِ وَالنِدَاءُ وَالصِّيَاحُ بِالدُعَاءِ وَيُؤْمَرُ بِالتَضَرُعِ وَالِاسْتِكَانَةِ
Artinya: Sesungguhnya sebagian doa itu melampaui batas: (yaitu doa dengan) meninggikan suara, berseru, atau berteriak saat memanjatkan doa adalah hal yang tidak disukai; (sebaliknya), seseorang dianjurkan untuk menunjukkan sikap rendah hati dan ketundukan.
Penjelasan ini menunjukkan bahwa berdoa dengan meninggikan suara itu merupakan cara kurang pantas untuk dihadapkan kepada Allah karena Allah adalah Dzat Yang Maha Mendengar. Maka berdoa dengan suara yang tinggi tergolong melampaui batas. Dalam hal ini Nabi Zakariya memberikan teladan dalam doanya dengan cara yang lirih sebagaimana disebutkan dalam al-Qur'an (إِذْ نَادَى رَبَّهُ نِدَاءً خَفِيًّا) yaitu ketika dia berdoa kepada tuhannya dengan suara yang lirih (QS. Maryam [19]: 3). Nabi Zakariya tidak bersuara keras sekalipun beliau sangat berharap terkabulnya doa itu, karena doa dengan suara keras merupakan cara yang melampaui batas.
Selain itu, akan lebih baik dalam doa itu tidak berisi banyaknya seruan, artinya akan lebih baik tidak terlalu banyak kalimat "perintahnya". Sebagai contoh adalah doanya nabi Adam dan Ibu Hawa:
قَالَا رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَسِرِيْنَ
Artinya: Keduanya berkata, "Ya Tuhan kami, kami telah menzalimi diri kami sendiri. Jika Engkau tidak mengampuni kami dan tidak merahmati kami, niscaya kami termasuk orang-orang yang rugi."
Dalam doa ini, tidak kita temukan kalimah perintah bahkan juga tidak ditemukan kalimah permintaan apa-apa, namun dirasakan betapa dalam makna permohonannya, menandakan betapa penyesalan akan perbuatan yang telah dilakukannya. Inilah teladan para Nabi, yang berdoa penuh tatakrama dengan tidak menunjukkan perintah kepada Tuhannya, bahkan juga tidak mendekte tuhannya, karena ia menyadari bahwa Tuhan Maha Tahu terhadap keperluan hambaNya.
Hadirin yang dirahmati Allah
Kesimpulan khutbah ini berdoa disunnahkan dengan adab yang baik di antaranya dengan rendah hati dan suara yang lembut. Allah tidak menyukai cara-cara berdoa yang melampaui batas di antaranya dengan doa yang meninggikan suaranya, terlalu banyaknya seruan, mendekte Allah dengan sederet keperluan dan sebagainya.
Semoga khutbah yang sederhana ini ada nilai manfaatnya bagi kita semua, amiin ya rabbal 'alamiin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ إِنَّ اللَّهَ غَفُوْرٌ رَّحِيمٌ.
KHUTBAH BAHASA JAWA
ALLAH MBOTEN REMEN DUNGA INGKANG NGLANGKUNGI WATESDening: Ahmad Jupriyanto
الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. خَاتَمِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنِ. وَعَلَى آلِهِ الطَّيِّبِينِ. وَأَصْحَابِهِ الْأَخْيَارِ أَجْمَعِينَ. وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُوْصِيْنِي نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللَّهِ. فَاتَّقُوا اللَّهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَاسْمَعُوْا وَأَطِيعُوْا وَأَنْفِقُوْا خَيْرًا لِأَنْفُسِكُمْ وَمَنْ يُّوْقَ شُحَّ نَفْسِهِ فَأُولَئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ.
Hadirin Rahimakumullah
Ngawiti khutbah punika, khatib ngajak dumateng sedaya hadirin kangge sami-sami netepi takwa dumateng Gusti Allah swt kanthi nindaaken punapa kemawon dawuh-dawuhipun Allah saha nebihi sedaya awisanipun. Mugi-mugi ing tembe kita kagolong tiyang ingkang muttakin, amiin.
Muslimuunal hadiruun Rahimakumullah
Dunga menggahipun tiyang Islam dados dasaripun ibadah, mboten sanes intinipun ibadah punika inggih dunga, ingkang mekaten kados dene dawuhipun Rasulullah riwayat Ibnu Mardawih wonten kitab Tafsir Dur al-Manshur:
قَالَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: إِنَّ الدُّعَاءَ هُوَ الْعِبَادَةُ
Artosipun: Rasulullah saw dawuh: "Saktemene dunga iku ibadah".
Makno hadits punika negesaken bilih ibadah ingkang model punapa kemawon estunipun kagolong dunga utawi panyuwunan kawula dumateng Gusti Allah supados pikantuk anugerah saking Allah. Dedunga dateng Gusti Allah saget katindaaken kanthi pinten-pinten cara, antawisipun kanthi shalat, sedekah, nguluraken astane sarono ngucapaken puji-pujian lan lintu-lintunipun.
Dedunga dateng Gusti Allah punika wonten adab-ipun, aturan, lan utawi tatacara ingkang dados pangikatipun, jalaran ndunga punika ateges wawan pangandikan antawisipun kawula dateng Pengeranipun utawi antawisipun makhluk dateng pangriptanipun. Gandeng kalian adab dedunga punika, Gusti Allah dawuh:
ادْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ
Artosipun: Ndedungaha sira marang pengeranmu kanthi andhap asor lan suwara kang alus. Saktemene Allah ora remen marang wong-wong kang ngluwihi wates. (QS. Al-A'raf [7]:55).
Adedasar ayat punika sak mboten-mbotenipun wonten kalih perkawis adab-ipun ndedunga, inggih punika ndedunga kanthi andhap asor lan dedunga kanthi suwanten ingkang alus. Ndedunga kanthi andhap asor ateges ndedunga ingkang nedahaken sikap kados dene tiyang ingkang nggadahi kebetahan wigatos sanget, jalaran wonten kesadaran bilih piyambakipun punika kawula ingkang leres-leres mbetahaken pitulungan pengeranipun. Pramila ndedunga kanthi andhap asor punika kados dene tiyang ingkang hijrah, tiyang ingkang jengkar saking dalemipun piyambak tumuju dumateng Gusti Allah, piyambak-ipun leres-leres jengkar saking dalem mboten mbeto punapa-punapa jalaran ngangkah ing ridhanipun Gusti Allah. Gusti Allah dawuh ingkang maknanipun: Sapa wae kang metu songko daleme kanggo hijrah krono Allah lan Rasule, tumuli sedo (sakdurunge tumeko ing tujuane), temen, ganjarane wis ono ngersane Allah" (QS. An-Nisa' [4]: 100). Maknanipun bilih andhap asor jalaran ngadepaken wajah dumateng Gusti Allah kanthi mboten mbeto punapa-punapa kejawi anamung pangajeng-ajeng lan taat dateng Gusti Allah. Saklajengipun dedunga kanthi ngalus-aken suwantenipun, ateges nyenyuwun dumateng Gusti Allah kanthi tatacara ingkang alus kados dene tiyang ingkang nyingitaken wewadi, mboten katindaaken kanthi suwanten ingkang santer utawi kelawan bengok-bengok kados dene wonten ngajenge tiyang ingkang mboten saget mirengaken.
Hadirin ingkang dipun rahmati Allah
Ayat ing nginggil dipun pungkasi kanthi pepunton bilih Allah mboten remen dumateng tiyang-tiyang ingkang nglangkungi wates ingndaem ndedunga. Pitakenipun dunga ingkang pripun ingkang kagolong nglangkungi wates? Wonten Tafsir Dur al-Manshur dipun dawuhaken:
إِنَّ مِنَ الدُعَاءِ اِعْتِدَاءً : يُكْرَهُ رَفْعُ الصَّوْتِ وَالنِدَاءُ وَالصِّيَاحُ بِالدُعَاءِ وَيُؤْمَرُ بِالتَضَرُعِ وَالِاسْتِكَانَةِ
Artosipun: Saktemene sak bagiane dunga iku (ono sing) ngliwati wates: (yoiku dunga kanthi) mbanterake suwara, (kakean) kalimat prentah, utawa mbengok-bengok naliko ndedunga iku tumindak kang ora diremeni Gusti Allah; (sakbalike) den anjurake ndedunga kanthi sikap kang andap ashor lan tumundhuk.
Keterangan punika nedahaken bilih dunga kelawan nyanteraken swantenipun punika kirang pantes dipun kunjukaken dateng Gusti Allah jalaran Gusti Allah punika Dzat ingkang Maha Mirengaken. Mila ndedunga kanthi nyanteraken swantenipun kagolong nglangkungi wates. Ingndalem babagan punika Nabi Zakariya paring tulada, dunganipun kanthi totocoro ingkang alus, kados kasebat wonten ing al-Qur'an (إِذْ نَادَى رَبَّهُ نِدَاءً خَفِيًّا) yoiku Nalika Zakariya ndedunga marang Pengerane kanthi swantene kang alus (ateges lirih) (QS. Maryam [19]: 3). Nabi Zakariya mboten ngedalaken swanten ingkang santer senadyan panjenenganipun nggadahi pangajeng-ajeng ingkang ageng dateng kabulipun dunga punika, jalaran dunga kanthi swanten ingkang santer punika kagolong totocoro ingkang nglangkungi wates.
Kejawi saking punika, langkung sae ingndalem ndedunga mboten wonten panyuwunan ingkang kathah, artosipun langkung sae mboten kalangkung kathah kalimat "perintahipun", contonipun, kados dene dunganipun Nabi Adam lan Ibu Hawa:
قَالَا رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَسِرِيْنَ
Artosipun: Karo-karone matur, "Duh pengeran kula, kula tumindak zalim dateng dhiri kula piyambak. Menawi Panjenengan mboten paring pangapunten lan mboten paring rahmat dateng kawula, estu kula kagolong tiyang-tiyang ingkang rugi".
Saklebete dunga punika, kita mboten manggihaken kalimah "prentah" sami ugi mboten kita panggihaken panyuwunan punapa-punapa, ananging raosipun lebet sanget menggah makno ingkang dados panyuwunanipun, nedahaken sepinten agengipun raos getun dumateng tumindak ingkang sampun dilampahi. Punikalah tuladanipun para Nabi, ingkang ndedunga kanthi tatakrama ingkang mboten mawi kalimah prentah dateng Gusti Allah, ugi mboten ndekte pengeranipun, jalaran sadar bilih pengeran punika Maha Nyumerapi dateng punapa kemawon ingkang dados payuwunanipun kawula.
Hadirin ingkang dipun rahmati Allah
Kesimpulan khutbah punika bilih ndedunga punika dipun sunnahaken kanthi adab ingkang sae ing antawaisipun kanthi andhap ashor lan kanthi suwanten ingkang alus ateges mboten santer sanget. Gusti Allah mboten remen dumateng totocoro ndedunga ingkang nglangkungi wates, antawisipun kanthi suwanten ingkang santer, kathahipun panyuwunan, ndekte Gusti Allah kanthi sekathahing kebetahan lan sanesipun.
Mugi-mugi khutbah ingkang sederhana punika wonten nilai manfaatipun menggah kita sedaya, amiin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ وَنَفَعَنِي وَايَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ إِنَّ اللَّهَ غَفُوْرٌ رَّحِيمٌ.
الْخُطْبَةُ الثَّانِيَةُ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَاللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إِلَى رِضْوَانِهِ. اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمْ تَسْلِيمًا كِثِيْرًا
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللَّهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَى بِمَلَائِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعَالَى إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِي يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا.
اللهمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَنْبِيَائِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلَائِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
أَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ
اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِينَ وَأَذِلَّ الشَّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَائِكَ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ
اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا البَلاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَالمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتَنِ وَالمِحَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيسِيًّا خاصَّةً وَسَائِرِ البُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَ الله ! إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ العَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرْ
Bagi yang ingin langsung Dwonload PDF nya, silahkan klik dibawah ini
ALLAH TIDAK MENYUKAI DOA YANG MELAMPAUI BATAS
Khutbah ini diterbitkan oleh:
LTM PCNU Kab Tulungagung Jawa Timur
Penanggungjawab: Dr. Muhammad Da'i Robbi, M.Ud
Penulis: Ahmad Jupriyanto
Pimred: H. Ahmad Jupriyanto, M.Pd.
Pentashih: Ust. Miftahul Minan, S.Pd.
Editor: Komarodin, M.Pd.I
Menerima kiriman naskah khutbah dan berhak merubah sebagian teks untuk penyesuaian.
Hub: 0813-3477-0159 (H. Jupri)
Tim Kanata
Kabar Nahdliyin Tulungagung












0 $type={blogger}:
Posting Komentar